Popular Posts

About

Kebutuhan

Páginas

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Buscar

Minggu, 23 November 2014
LKS BAHASA DAERAH
                         TAHUN AJARAN 2014/2015
                      SMA KRISTEN PETRA  1 SURABAYA

Nama    :
Kelas     :
Absen    :

Nilai:

Khasiate Lidah Buaya Ora mung Kanggo Kramas lan Tamba Tatu
Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo pasren utawa rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung dianggo karmas, bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang alam, antara liya kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera. Ing negara maju kayata Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang paling jembar yaiku Kalimantan Barat (Pontianak), saengga kawentar minangka kutha Lidah Buaya.
Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka anti inflamasi utawa peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi sel. Kajaba iku lidah buaya uga duweni khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes, ngontrol tekanan getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga bisa.
Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara yaiku tatu memar lan muntah getih. Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja lambung, gangguan panggonan usus liyane.
Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya jeli kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat utamane yaiku anti inflamasi, anti bakteri, anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel. Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh, saengga maedahi tumrap kasarasan.

TUGAS!
  1. Bentuklah kelompok yang terdiri dari 4 anak
  2. Bacalah artikel “Khasiate Lidah Buaya Ora mung Kanggo kramas lan tamba tatu”
  3. Carilah informasi yang terkandung di dalam artikel atau bacaan tersebut ! (ubah dalam bahasa Indonesia)


0 komentar: