Popular Posts
-
Kompetensi Dasar : 1.1 Pengertian kebutuhan manusia 1.2 Macam-macam kebutuhan 1.3 Berbagai factor yang mempengaruhi ke...
-
LKS BAHASA DAERAH TAHUN AJARAN 20 14...
-
TUGAS 1 UNGGAH - UNGGUH BASA Bahasa dalam bahasa jawa ada 2 macam yaitu : 1. Basa Ngoko : digunakan untuk berbicara dengan orang yang ...
-
PROJECT S,L.O OKTOBER; KELAS X JUDUL: PENGAMATAN PASAR (Mata Pelajaran Bahasa Indonesia, Ekonomi, dan Matematika) KETENTUAN: . Bentuk ...
-
AKSARA JAWA SALINEN NGANGGO AKSARA JAWA! 1. Aku lagi turu 2. Rudi tuku buku 3. Bayu lara cacar 4. Nin...
-
TUGAS EKONOMI PEMBAGIAN PASAR BERDASARKAN STRUKTURNYA 1. Bentuk kelas menjadi 6 kelompok 2. Masing-masing kelompok membahas satu topi...
-
KETENTUAN S.L.O KELAS XI IPS 1. Materi kondisi ketenaga kerjaan pada zaman kolonialisme dan setelah kemerdekaan 2. Bentuk kelompok 6-7 s...
-
KELAS X Untuk memenuhi tugas SLO siswa kelas X diwajibkan membuat Resume. Berikut adalah ketentuan yang harus dipenuhi: 1. RESUME a. Ket...
-
LKS BAHASA DAERAH TAHUN AJARAN 20 14 /201 5 SMA KRISTEN PETRA 1 SURABAYA N...
-
PERMASALAHAN EKONOMI Kompetensi Dasar 3.2 Menganalisis masalah ekonomi dan cara mengatasinya Indikator: 3.2.1 ...
About
Kebutuhan
Páginas
Diberdayakan oleh Blogger.
About Me
- Unknown
Buscar
Minggu, 23 November 2014
LKS BAHASA DAERAH
TAHUN AJARAN 2014/2015
SMA KRISTEN PETRA 1 SURABAYA
|
Nama :
Kelas :
Absen :
|
Nilai:
|
Khasiate Lidah Buaya Ora mung Kanggo
Kramas lan Tamba Tatu
Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo
pasren utawa rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang migunakake
kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung dianggo karmas, bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing
kene penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis
dadi trend masyarakat modern bali marang alam,
antara liya
kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa
Latine Aloe Vera. Ing negara maju
kayata Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya
dipigunakake kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing
Indonesia uga wis akeh kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil
lidah buaya kang paling jembar yaiku Kalimantan Barat (Pontianak), saengga
kawentar minangka kutha Lidah Buaya.
Adhedasar
panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka anti inflamasi utawa
peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi sel. Kajaba iku lidah
buaya uga duweni khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang
diabetes, ngontrol tekanan getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan
lelara kanker, sarta dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang
HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi
peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya nyegah
rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya
ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan
radang tenggorokan uga bisa.
Olehe
migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta
utawa makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan akare uga duwenu khasiat
kanggo ngobati lelara yaiku tatu memar lan muntah getih. Akare nduweni khasiat
minangka obat cacing tamba sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga
nduweni kasiat ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung,
ngundhakake kinerja lambung, gangguan panggonan usus liyane.
Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening
kaya jeli kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat utamane yaiku anti
inflamasi, anti bakteri, anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel. Cairan kuning
ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo obat pencahar
komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang
kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh, saengga maedahi tumrap
kasarasan.
TUGAS!
- Bentuklah kelompok yang
terdiri dari 4 anak
- Bacalah artikel “Khasiate
Lidah Buaya Ora mung Kanggo kramas lan tamba tatu”
- Carilah informasi yang
terkandung di dalam artikel atau bacaan tersebut ! (ubah dalam bahasa Indonesia)
Label:
BAHASA JAWA
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar